Gudeg
menika makanan khas ingkang dados salah satunggal
identitas kota jogja. Makanan menika manis campur
pedhes ingkang kadamel saking gori. Salah
satunggaling papan wisata kuliner Yogyakarta kangge wisata gudeg inggih menika Kampung Wijilan.
Kampung Wijilan ngantos samenika kawentar kaliyan sentra gudeg amargi ing margi Wijilan
para turis saged manggehaken
warung gudeg. Ngantos samenika, kathah tiyang rawuh wonten ing Wijilan amargi penasaran kaliyan
gudeg asli Jogja.
Ing suguhanipun, gudeg biasa dipun
lengkapi kaliyan sekul pethak,
ayam, tigan godhog, tahu utawi
tempe, lan sambal goreng
krecek. Wonten maneka warni gudeg ingkang kawentar inggih menika Gudeg Kering lan Gudeg Basah.
Gudeg Kering namung gadhah sakedik
santan ananging
Gudeg Basah kathah gadhah santan. Maneka warni gudeg kasebat uga ngaruhi raos ingkang dipun gadhahi gudeg. Kajaba raosipun manis,
gudeg kala-kala uga nggadahi
raos ingkang
pedhes kayata ing
wilayah Jawa Timur.
Wiwitipun gudeg
ingkang dipun mangertosi kaliyan masyarakat Indonesia terutami
wonten Yogyakarta inggih menika Gudeg Basah. Miturut jaman, kabutuhan gudeg sampun ningkat lan saniki ugi wonten
inovasi yaiku gudeg kering. Gudeg kering niki nembe dipundamel enem dasawarsa
sepindah. Sifate kang kering ugi damel gudeg kering saged dipundamel dados
oleh-oleh kang menehi dampak kangge industri-industri rumahan kang nyajekaken
oleh-oleh khas Yogyakarta.
Ciri khas Gudeg sanesipun menika wau yaiku nggen wadahipun. Menawa kita
tumbas gudeg kita mesti ngertos wadah gudeg kang migunakaken besek. Besek
menika wadah panganan kang dipundamel saking bilahan pring kang dianyam lan
dipun damel bentuk segiempat lan saged dingge wadah panganan. Gudeg ugi wonten
kang dipun wadahi ngangge kendil utawi wadah saking lemah lempung. Wadah menika
biasane dipungunakaken penjual gudeg kang sampun kondang ing Yogyakarta salah
satunggale yaiku Gudeg Wijilan. Wijilan menika pancen areal kang kondang
kalihan bakul gudegipun.
KELOMPOK :
1. Aji Setyawan (02)
2. Mujahid Habibullah (17)
3. Pegi Pratama (20)
1. Aji Setyawan (02)
2. Mujahid Habibullah (17)
3. Pegi Pratama (20)

0 Response to "Gudeg"
Posting Komentar